Pages

Sunday, June 12, 2011

Maruku


Sakwise ngrasakake kesel nyambut gawe, Ratih teturon ana dhipan kamar, sajak ana sing dipikir, Ratih ngelus-elus bathuk pertandha abot anggone arep blaka marang sisihane yaiku Joko. Ratih lan Joko anggone bebrayan wis wolung taunan lan duwe momongan loro yaiku Sekar lan Bagas. Wong sakloron anggone bebrayan katon rukun. Dasare Ratih bisa nyambut gawe melu cawe-cawe golek pangan. Wengi kuwi mripate Ratih ora kena diremke, Ratih banjur crita marang Joko menawa dheweke arep mundhak pangkat dadi manager area. Ratih bingung kudu mutuske menawa isih tetep nyambut gawe kudu pindhah ana Kalimantan, menawa ora gelem kudu metu saka anggone nyambut gawe. Petuntone Ratih banjur mangkat ana Kalimantan. Seminggu pisan mesthi Joko utawa Ratih telpon. Dina-dina Joko tanggung jawab dipasrahi anak, tekan meh setaun pancen durung ngrasakake apa-apa, nanging suwening-suwe Joko ngrasakake kesepen, dheweke butuh kanca kanggo mbat-mbatan.


Joko nglembur ngrampungi gawean ana kantor, sakjane Joko dhawuh wae isa, nanging kepiye wae merga tanggung jawabe, marai Joko ngancani sekretarise yaiku Arum nggarap tugas. Arum tanpa cubriyo apa-apa, Joko uga ora duwe rasa apa-apa. Nanging suwening-suwe kaya paribasan tresna jalaran saka kulina, Joko lan Arum dadi raket banget, Sekar lan Bagas uga katon tresna marang Arum, ngundhang Arum wae mami. Ora nganti let suwe Joko lan Arum duweni sesambungan sing ora pantes dilakoni wong sing wis bebrayan. Saksuwene iki Joko lan Arum duwe sesambungan nistho, wong sakloron nutupi wadi mau. Sakwise krungu kandhane Arum menawa Arum ngandhut, Joko mung kamitenggengengen. Joko bingung kudu ngrampungi perkara iki tanpa nglaranai siji lan sijine.

Esuk-esuk Joko wis mangkat neng omahe Arum ing Boyolali. Mobil bablas terus, Joko karo nyopir atine deg-degan kepiye mengko ngadhepi wong tuwane Arum. Ora let suwe mobil wis mlebu plataran jembar kang kebak kanggo mepe gabah. Sakwise lungguhan Joko sebanjure crita blaka marang wong tuwane Arum. Wong tuwane kaget, Bapakne Arum muntab saknalika, dheweke sing ora bisa nampa menawa anak wadhon kang digadhang-gadhang, kudu dadi bojo keloro gage akon lungo Arum lan Joko. Arum sakdalan-dalan nangis, atine bingung kenongopo milih Joko. Nanging sakwise ninggalake ngomahe, Arum tetep urip bebarengan karo Joko. Bagas lan Sekar wis dianggep kaya anake dhewe, kabeh diupakara kanthi becik. Kuwi kabeh sing ndadekake Joko kepengen blaka marang Ratih bab Arum. Nalika crita liwat telpon, Joko isih nyimpen bab sesandingane karo Arum, semono uga Ratih, durung crita bab kudu ngejokake surat pengunduran diri seka gaweane amarga dituduh korupsi.
Arum banjur digawa Joko ana rumah sakit sakwise nabrak kursi sing njalari getih ndlewer ana sikile Arum. Dokter rumah sakit banjur kandha marang Joko menawa anak sing ana njero wetenge Arum ora bisa diselametke.

Sore kuwi omahe Joko katon sepi. Mobil taksi mlebu njeron plataran. Penumpang seka njerone mudhun, sopir taksi ngudhunke kabeh barang-barang. Penumpang sing jebule Ratih banjur mlaku karo ngematke kahanan omah. Arum sing kelingan menawa teras ngarep urung disapu gage nyandhak sapu banjur metu arep nyapu. Ratih bingung weruh ana pawongan liya, dheweke ora nate krungu Joko crita. Durung rampung anggone mikir Ratih weruh Bagas lan Sekar sing padha bingung ora tepung. Ratih gage nyandhak Sekar, Bagas mlayu mlebu banjur nubruk Arum sing arep metu, Bagas ngruket Arum karo digandeng metu.

Ratih kaget lan nangis ora kuwat meruhi Bagas lan Sekar ora eling menawa dheweke ibune, apa meneh swarane bocah mau ngundang mami. Arum uga bingung meruhi Ratih nanging dheweke banjur kelingan menawa wong wadon kuwi Ratih bojone Joko. Arum lan Ratih padha plenggongan ngematke mobile Joko mlebu plataran omah. Sekar lan Bagas padhe njranthal methukke bapakne. Ratih gage nyedhak ngrangkul Joko. Atine Arum sedhih meruhi kahanan mau, dheweke rumangsa mung bojo keloro sing sedela meneh kesingkir merga Ratih wis teka.

Joko blaka crita kenongopo alesane ngepek bojo Arum. Ratih mung nangis nganti sewengi tanpa leren merga dimaru, atine lara merga Joko ora blaka wis urip bebarengan karo wong wadon liya. Arum sakwise kedadeyan sore kuwi wengine ora metu-metu mung ngeloni Bagas lan Sekar nganti turu, atine bingung ora karu-karuwan, nanging merga saking gedhe tresnane marang Joko, Arum gelem urip sakomah karo Joko, Bagas, Sekar lan Ratih.

Sakwise krungu kandhane Joko menawa dheweke ora bisa ninggalke Arum, Ratih ngambruk ora eling. Ratih enggal-enggal digawa neng rumah sakit. Ana rumah sakit Ratih gage digledeg mlebu UGD. Dokter sing mriksa Ratih ngendika menawa ginjele Ratih lemah. Pancen sakwise seka Kalimantan Ratih mung lara wae, sajake ana njero awake duwe lelara. Kahanane wis temenanan mula mlebu metu seka rumah sakit kerep banget. Arum sing rino wengi kanthi sabar mesthi nyepaki kabeh kebutuhane Ratih amarga Ratih ora bisa nglakoni dhewe anane mung turu karo lungguh, arepa disuarani swara sing marakke ngabangke kuping.

Bali seka nyambut gawe, Joko ngganteni gaweane Arum ngrumat Ratih. Joko wis ngrumangsani menawa mesthi ngadhepi perkara rumah tanggane bakal dadi cunthel. Wengi kuwi tansaya nglangut, Arum lan Joko isih omong-omongan, Joko nglipur atine Arum supaya dheweke ora ngrasakake kesel lan lara ati merga kerep ditatoni. Nanging wong sakloron mau kaget banjur mlayu ana kamare Ratih sakwise krungu swara mbanting. Ratih gumlethak ana jogan, dheweke semaput. Joko banjur nggawa Ratih menyang rumah sakit. Ana rumah sakit Ratih durung bisa eling, alat kedokteran tememplek ana awake, kahanane kritis. Pancen urip ora bisa dingerteni, manungsa mung bisa nglakoni. Wis pira wae dhuwit sing dijupuk kanggo priksa.

Sakwise ngeterke mangkat sekolah, Arum mampir tuku sego kanggo sarapan Joko lan tanpa dinyana-nyana Arum ketemu ibune. Arum seneng banget bisa ketemu meneh karo ibune, nanging dheweke uga sedhih merga bapakne wis seda. Arum banjur crita bab kahanane sing dilakoni. Krungu critane Arum tanpa krasa ibune uga melu mrebes mili.

Joko weruh tekane Arum karo ibune kaget banget. Sakwise omong-omongan Arum banjur niliki Ratih ana ruangan ICU. Arum janji menawa Ratih bisa waras dheweke gelem ninggalake Joko, Bagas uga Sekar. Sakuntara wektu sakwise Arum duwe pepinginan menawa ginjele arep diwenehake Ratih, Joko lan ibune mung meneng tanpa ngucap apa-apa. Dina kuwi Arum nglakoni tes kesehatan kanggo ndonorke ginjele, atine mantep anggone mbiyantu Ratih supaya bisa sehat. Sakdurunge nindakake operasi Arum turu ana rumah sakit, anggone ngrumat Bagas lan Sekar digenteni ibune.

Esuk kuwi kesehatane Ratih tansaya apik, dina kuwi Ratih lan Arum arep nglakoni operasi. Ana kamar operasi, dokter lan perawat sibuk nangani operasine. Dokter bingung, umpama operasi tetep terus mesakake kahanane Ratih nanging menawa ora diteruske mesakake Arum kamangka wis ana limang jam anggone Ratih lan Arum ana kamar operasi.

Sakwise rampung operasi, dokter banjur ketemu Joko lan ngandhakke menawa operasine lancar nanging kesehatane Ratih rada medhun sakwise operasi lan kudu ditangani meneh luwih tliti. Atine Joko ora karu-karuan. Arum sakwise krungu kabar bab kahanane Ratih banjur nangis lan pingin ketemu Ratih. Ibune Arum dadi bingung ngerteni anake pingin ketemu Ratih. Nganti kesel anggone njaluk ibune supaya enggal-enggal dipethukake Ratih. Arum katon turu merga kekeselen nglawan pepinginane kuwi. Ibune banjur metu nggoleki Joko.

Joko lan ibune Arum lungguhan ana ngarep kamar operasi, let sauntara lawange dibukak banjur Ratih dipindah ana kamare meneh. Wis sauntara Joko lan ibune Arum nunggoni, drijine Ratih katon obah, matane kriyip-kriyip kanthi lemes ngundang Joko. Joko metu nggoleki perawate. Ratih meneng wae karo ngematke wong wadon wis tuwo mau, kanthi alon Ratih omong karo ibune Arum. Dheweke matur nuwun merga ibune Arum wis ngemong anak-anake, dheweke crita yen ora seneng menawa Arum sing ngemong, kamangka Ratih durung reti menawa wong wadon kuwi ibune Arum.

Seka kamare Ratih, Joko lan ibune Arum sing banjur mlaku tumuju kantin dikabari perawat bab matine Arum. Joko ora ngiro babar pisan menawa kabeh dadi kaya mangkene. Ibune Arum nangis rumangsa gela, nganti Arum ninggal ibune kanggo saklawasae.

Wis sesasi kepungkur anggone Ratih bubar lorom dheweke wis bisa apa-apa nanging wadi bab ibune Arum tetep disimpen kanthi rapi. Amarga ibune Arum uga manggon sakomah ana kono, ngrumat Bagas lan Sekar. Ananging Ratih banjur ngerti sakwise Joko crita kabeh bab ibune Arum lan bab matine Arum. Ratih mung bisa njaluk ngapura lan matur nuwun merga nalika semana Arum kanthi ikhlas ngrumat dheweke sing loro lan gelem ngrumat anak-anake.

No comments:

Post a Comment